Jumat, 13 April 2012

SEKAR TAJI DODOL JAMUSekar Teji Dodol Jamu Kocap ing kaputren Kedhiri , Dewi Sekartaji iya Galuh Candrakirana ka adhep marang adhi ipe arane Dewi Onengan iya Ragil Kuning lan para emban lagi wae wawanrembug,dumadakan karasu rawuhe kang garwa Prabu Kameswara iya Raden Panji Inukertopati kalawan putri ayu arane Endang Asmaraningsih.Sedyane Prabu Kameswara mboyong putri Endang Asmaraningsih ing krajan Kedhiri,arep kapundhut garwa minangka garwo selir.Endang Asamaraningsih,bareng ngerti yen pangagemaning ratu Candrakirana pating glebyar,dheweke nduwe rasa kemilikan.Sabanjure,Endhang Asmaraningsih matur marang Prabu Kameswara nyuwun anggeman sing diagem ratu Candrakirana. Sang Prabu gandheng saka tresnane marang Endhang Asmaraningsih,kabeh panyuwune dileksanani.Sang prabu ndangu marang garwa sepuh Candrakirana: “Yayi Candrakirana,..... yen pancen sliramu tresno marang aku,sliramu ya kudu tresno marang Endhang Asmaraningsih,jalaran putri iki sing banget tak tresnani,apa kang dadi panyuwune,sliramu kudu ngleksanani”,kaya mangkono mau ature sang prabu marang Candra Kirana.“Inggih sang prabu” wangsulane Dewi Candrakirana.Sak wise apa sing disuwun Endhang Asmaraningsih,dileksanani dening Candrakirana,isih durung marem maneh. Endhang Asmaraningsih nyuwun kalpiko utawa ali-ali sing diagem sang putri Candrakirana.Nanging,Candrakirana ora marengake,jalaran ali-ali iku minangko tali sih katresnane marang sang prabu Kameswara iya Panji Inukertopati. Rasa kogele kalawan Candrakirana,sing ora menehake kalpiko sing diagem,sang prabu Panji Inukertopati duko,nganti nundhung Candrokirana saka krajan Kedhiri.Sakabehing atur ,saka para punggawa,kadang panji , ora ana sing digugu.Malah-malah kabeh sing mbelani marang Candrakirana ,ditundhung lungo saka kraton Kedhiri. Ragil Kuning diajak kondur Gunungsari ing kasatriyan Godhanglipuro. Kahanan Kedhiri dadi komlang,sepi,keno diparibahasakake “ana ratu ,ora ana kawulane”Kocapa....., Sang prabu Kameswara nampa tekane ,adipati Klana Wibagsa saka Kembang putih iya sadulure tuwa Endang Asmaraningsih ,saperlu arep nyengkuyung panguwasane prabu Inukertapati ing Kedhiri,katampa pasuwitane adipati sa panderek dadi nayakapraja Kedhiri.Ing sawijining bengi,sang prabu Kameswara,ngimpi ketemu marang para leluhure kang wis swargi.Sajroning impen ,sang prabu midanget swara kang dumeling”Kaki Asmarabangun!Elingo kaki,elingo! Yen tumindakmu nundhung marang nini candrakirana iku luput,jalaran nini candrakirana iku pewaris sah krajan Kedhiri” .Mula enggal golekana garwamu si Sekartaji iya Candrakirana.Kinocap ing pasar Klego,ing kutho raja Kedhiri ana bakul jamu gendhong sing ayu rupane kewes anggone nawakake dagangane.Kabeh kang mirsani pada tuku jamu,kalebu para kadang Panji,patih Kudanawarso lan uga resi Curiganata kang nawur laku memba kawulo cilik,saperlu ngawat-awati keslametaning dewi Sekartaji. Prabu Kameswara sing memba kawulo uga ana kono,perso yen bakul jamu iku garwane si Candrakirana iya dewi Sekartaji.Sang prabu ugo pirso yen resi Curigonoto jumeneng saka kadohan,banjur sang prabu nyedaki sang resi nyuwun tulung supaya si bakul jamu lilih atine.Pungkasane rembug ,bakul jamu kersa diajake kondur ing Kedhiri,sak wise midanget ature sang prabu sing nglegana kaluputane kabeh.Sakwise kondur ing Kedhiri sang resi Curigonoto dawuh supaya nyinakake satruning mungsuh saka pokal gawene resi Dhandhang madu,Klana Wibagsa lan Endhang Asmaraningsih.Dumadining perang brubuh ing Kedhiri ndadekake sirnane kang gawe kisruh,pungsane krajan Kedhiri dari sumulak padhang swasaning kraton kuthoraja kedhiri. …

Tidak ada komentar:

Posting Komentar